Tuesday 24 November 2015

Sajak Anti-Serangan Fajar.



3 dino sak durunge pilihan,

Kowe, kowe, lan kowe guya-guyu lewat ngarep omah,


Kowe pancen tanggaku,


Nanging sak durunge, kowe kowe iku mung plengas-plengos ora tau tegur-sopo.


2 dino sak durunge pilihan,


Aku nyawang kowe, kowe malah ngguyu. Kemayu.


Aku wedi,


Tak pikir kowe Homo.


Tapi aku lego, jebule mesemmu kanggo kabeh wargo,


Dengaren sopan, biasane mendam-mendem tanpo aturan.


Sedino sak durunge pilihan,


Kowe nemoni aku neng samping omah,


Tak turuti.


Kowe isih guya-guyu, lha po rupaku lucu?


Kowe ngomong alon banget, koyo mbok batin.


“Sampun gadhah calon pilihan mas?” takonmu sok penting,


Rung tak jawab wis mbok selani, “kula saking tim 1 mas, niki kangge sangu pas milih”


“wheh!”
kowe kaget, nyawang duit 2puluh ewu tak gaplokne ndasmu.


“Pripun to mas? Mboten ngoten niki carane?” kowe ora paham opo sing mbok protes,


Kowe ngewenehi nganggo dalan sing salah, tak balekne lewat dalan sing podo,


Kowe pangeran kerajaan ngendi?


Wani mbayar wargo kanggo millih wong sing ora mbok kenal!


“Nek mboten purun, ngih sampun Mas,” Sampun matamu!


Kowe kok gelem dadi kacung? Saiki penak, sesuk remuk.


Mbok kiro aku ora ndue duit? Pancen ora ndue,


Tapi nek kowe mikir aku goblok, berarti kowe lan bos-mu sing goblok.


Yo uwis, mulih kono. Dadio kacung nganti suk mben kowe nyalon dadi wakil rakyat.


Dino pas pilihan,


Aku nyawang wargo sing mbok wenehi duit, podo seneng. Guya-guyu podo kowe.


Aku nongkrong neng TPS nganti bubar,


Nganti resmi nek bos-mu genah-genah kalah.


Wargo isih guya-guyu. Aku malah guya-guyu,


Mergo nyawang kowe, modar!




...
Categories: ,

0 comments:

Post a Comment